KBR, Uuuaaadeeemeee, Rek!

KBR, Uuuaaadeeemeee, Rek!

Wulan April wingi, aku ndolani Helmy neng Jakarta. Karo Helmy aku dijak mlaku-mlaku neng Monas, Mesjid Istiqlal, Kota Tua lan neng Bogor. Asline mlaku-mlaku neng Bogor iku amarga pengen njajal numpak kreta sih 😛 Bingung meh arep neng ndi, sidane neng Kebun Raya Bogor wae.

Panggonane gampang kok nak ameh dolan mrono. Teka Stasiun Bogor cedhak, meh mlaku utawa ngangkot yo mangga kersa 😀 Nek aku karo Helmy wingi sih mlaku, merga Helmy lali numpak angkot nomer piro nak meh neng KBR 😆

2014-04-19 11.49.14

Sakdurunge tekan pintu masuk KBR (nak mlaku teka Stasiun Bogor), mengko iso ndelok akeh kidang neng latar Istana Bogor. Neng trotoare uga akeh wong dodolan wortel lan kangkung. Helmy tuku sa’iket wortel regane rong ewu, isine telu. Wortel iku mau dipakakne neng kidang-kidang sing gelem nyedhak marani aku lan Helmy. Sakwise ntek wortele, aku lan Helmy neruske mlaku nganti tekan pintu masuk KBR.

Tiket mlebune 16 ewu wae *sak kelinganku*. Pas wes mlebu, to, biyuuuuuuuuhh, uuuuaaaaadeeeemmmeeeeeee, rek! Wes ngono krungu suara kewan-kewan sing rupa-rupa, walah, rasane kaya pengen mbangun omah wae neng kene 😆

2014-04-19 15.44.50

Yen meh ngubengi KBR, siap-siap wae sikile gempor hahaha 😀 Amarga kebun siji iki dudu sembarang kebun. Ambane kurang luwih sepuluh hektar. Disediani jalur nggo wong-wong sing meh sepedahan utawa mubeng-mubeng neng kene nganggo mobil. Nek aku mbek Helmy, yo mestio mlaku temenan nggo sikil :mrgreen:

Mbuh mangsa katiga utawa mangsa udan, tetep wae neng Bogor ki kerep udan. Dadi nek meh mrene mending siap-siap nggawa payung. Yo ana sih panggon ngiyup, tapi nak kudanan pas neng tengah alas sing isine wit-witan tok, lha apa meh menek wit? 😆

2014-04-19 12.56.14

Saben cedhak wit neng kene mengko enek papan sing isine katrangan perkara wit mau. Salah sawijining wit sing aneh yaiku wit Tarzan, dijenengi kaya iku amarga oyote ngglantung dawa banget. Sakliyane wit-witan sing gedhe-gedhe, uga ana omah Anggrek sing isine aneka werna anggrek lan pembibitane. Uga ana taman sing isine kembang-kembang sing dibentuk lambang Garuda.

bogor2

Sing paling terkenal yaiku Jembatan Merah. Durung afdhol rasane dolan neng KBR nek durung poto neng kene hahaha 😆 Yen pengen leyeh-leyeh, iso lungguhan neng pinggir kolam utawa neng gubuk-gubuk kang disediyani. Nek aku mbek Helmy? Neng mushola to yo sekalian ngiyup bar kudanan :mrgreen:

bogor1

Saranku, ati-ati nek maca papan petunjuk neng kana, aku sering kapusan -_- Mbuh akune sing salah dalan apa emang orak ngematke dalan 😆 Sakliyane iku, nek iso pas mrene iku wayah isuk, amarga gak bakal puas nak mung sedilut tok neng kana, ndelengi wit-witan, kembang-kembang, lan ngrungokne suara kewan-kewan neng njero alas 😀